Apa yang anda cari?

Kamis, 09 Juni 2011

Singiran sufi

Singiran Sufi
Ol eh ; KhAbdurrahman Wahid



Astaghfirulloh robalbaroyaa
Astaghfirulloh minal khothoya
Robbi dzidni ‘ilman nafi’a
Wawaffiqni ‘amalan sholikha

Ya rosulalloh salamun ‘alaik
Ya rofi’asya niwad daroji
‘atfata yaji rotal ‘ alami
Yauhailaljudi wal karomi

Ngawiti ingsun ngalas syi’iran
Kelawan muji marang pangeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan 2x

Duh bolo konco, prio wanito
Ojo mung ngaji syariat bloko
Kur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine, bakal sengsoro 2x

Akeh kang apal, qur’an haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak di gateke
Yen esih kotor ati akale 2x

Gampang ka bujuk, nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugieh tonggo
Mulo atine, peteng lan nisto 2x

Ayo sedulur , jo ngalale ake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake Iman taukhide
Baguse sangu mulyo maatine 2x

Kang aran Soleh, bagus atine
Kerono mapan sari Ilmune
Laku torikoh lan makrifate
Ugo hakikot manjing rasane 2x










Alqur an qodim, Wahyuminulyo
Tanpo tinulis iso di woco
Iku wejangan guru waskito
Den tanjepake,ing jero dodo 2x

Kumatil ati lan pikiran
Ngrasuk ing badan kabeh jeroan
Mujisat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge Iman 2x

Kalawan alloh kang moho suci
Kudu rangkulan, rino lan wengi
Ditirakati, di riyadhoih
Dzikir lan suluk, jo nganti lali 2x

Uripe ayem, rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
sabar narimo najan pas-pasan
kabeh tinakdir saking pangeraan 2x

Kelawan konco, dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo dak sio
Iku sunnaeh rasul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kito 2x

Ayo nglakoni, sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto lahire
Ananging molyo, maqom drajate 2x

Lamon palastro, ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swargo manggone
Utuh mayide, ugo ulese 2x

Ya rosulalloh salamun ‘alaik
Ya rofi’asya niwad daroji
‘atfata yaji rotal ‘alami
Ya uhailaljudi wal karomi 2x

4 komentar:

Anonim mengatakan...

nyonto mbah 'abdurrohman kue yah .......???????

Anonim mengatakan...

hahahahahahahhaa



kaya wong wetan baeee lah

Kue nganggo dialek ngendi ? banyumas pa jawa wetan? jaka sembung bawa kupluk hehehe..................

Nur Hakim mengatakan...

Haiiiiiiii wong Rowo Sembung Sopo Jenengmu ? Asale soko nfgendi ?.......
Apa koe Udin sing nang Duny aaaaaa...............

Anonim mengatakan...

hahahaa
sopo isro sopo ingsun
ingsun bongso menungso sing duwe jeneng ibnu muhajir bin daldiri bin suyuti bin mas'udi